Jumat, 01 Mei 2009

FILSAFAT KUPAT LEPET

Para leluhur Jawa iku, satindak sapecak anggone paring wewarah marang anak putu sarwa pralambang, pasemon, lan mawa simbol. Salah sawijine wateke wong Jawa iku lantip ing panggraita, alus ing suba sita, tata krama, lan solah bawa. Salaku-lakune mesthi digalih kanthi wening ing sajroning pikir dhisik. Ora angger mlaku ‘semau gue’ lan asal tumindak.
Laku pasa lan tapa brata, mungguhing wong Jawa wis dadi sega jangan lan pakulinan. Mesu brata lan laku pasa iku wis dadi peranaganing panguripan tumraping wong Jawa. Nalikane wong Jawa iku duwe pangangkah kang sinedya (cita-cita kang mulya), wong Jawa mesthi nindakake laku. Ana sing nglakoni pasa mutih, pasa ngebleng, lan pasa liyane.
Cundhuk karo lakune wong Jawa iku mau, agama Islam kang duwe ajaran nindakake pasa ing wulan Romadhon, tumrape wong Jawa ora barang kang abot lan angel. Malah cocog lan trep karo pakulinan, adat, lan budaya Jawa.
Ujaring kandha, para wali sanga anggone nyebarake agama Islam ing tanah Jawa kanthi ora ninggalake budaya Jawa. Kanggo ngulang rukun Islam, para wali yasa tembang ”Ilir-ilir”. Ing tembang iku ana gatra sing unine mangkene: Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi, lunyu-lunyu penekna, kanggo mbasuh dodot ira, .... Saindenging jagad Jawa, sing jenenge blimbing mesthi ana limang lining. Liningan cacah lima ing blimbing iku nggambarake rukun Islam kang cacahe lima. Tembung Kalimat Syahadat, ing jagading pewayangan diwujudake lumantar pusakane Puntadewa kang aran ” Jimat Kalimasada”. Ilat Jawa yen dikongkon muni ”kalimah syahadah” iku kangelan, dadine ”kalimasada”.
Sawise nglakoni pasa sasasi suwene, kanthi rasa seneng lan bungah padha ”ngrayakake hari kemenangan” kang arane bada. Ana sing ngarani bakda utawa lebaran. Ing dina bada iku, saanane wong Jawa malah kepara sa-Indonesia mesthi padha gawe kupat lan lepet.
Apa ta werdine kupat lan lepet tumrape wong Jawa?
Tumrape wong Jawa, kupat lan lepet kang dinikmati ing wektu bada iku mau ora ana liya wujud pralambang lan simbol srawunging manungsa marang Gusti, manungsa marang manungsa liyane. Kupat lan lepet iku anggone gawe ora mung sadrema didang kaya sega kang butuh wektu mung sedhela. Apa maneh saiki ana magig com utawa magig jar. Gawe kupat lan lepet iku dibuntel, ditaleni, digodhog ing kwali utawa dandang kanthi suhu panas kang dhuwur mbutuhake wektu sing suwe banget, saengga kupat lan lepet bisa mateng. Yen nggodhoge mung sedhela utawa ora taneg, kupat lan lepet ora enak rasane lan mesthi kepyar ora lengket. Proses, wujud, lan tegese lepet iku aweh wewarah mangkene:
Sasuwene setaun manungsa nglakoni urip, mesthi tumindak kang becik lan ala. Becik marang Gusti lan manungsa, uga ala marang Gusti lan manungsa. Yen becik mesthi bakal diganjar dening Pangeran. Dene kalakuwane ala, manungsa kudu digodhog ing kawah candradimuka kanggo nglebur dosane marang Gusti sasuwene sesasi nglakoni pasa. Mula kupat lepet iku mau digodhog molak-malik kadi dene kawah candradimuka. Iki mujudake hubungane manungsa karo Pangeran. Hablun minalloh....
Dene wujude kupat lan lepet iku senajan asale saka beras lan saka ketan, sawise digodhog wujude wis ora beras lan ketan maneh. Wis ora ijen-ijen, ora bisa kepyar kaya asale. Beda karo sega utawa ketan dang-dangan ta? Enak ta? Mantep ta? Kok kaya lagune Mbah Surip wae.....Wujud kang kaya ngono iku mau mujudake sawise sesasi pasa manungsa dikongkon ”merenung” marang kaluputane uga marang manungsa sapepadhane supaya tetep lengket anggone paseduluran lan kekancan. Ditaleni kenceng. Iku mujudake kencenging tali silaturohmi. Aja gampang cengkah lan regejegan saengga ”memecah persatuan lan kesatuan”. Kudu ndawakake tali silaturohmi, aja nganti ucul. Mula kupat lan lepet iku lengket, kenyal ora gampang ambyar. Hablun minannas.....
Sing paling wigati mungguhing kupat lan lepet iku ing teges simbule wong Jawa. Yen ngaku dadi wong Jawa kudu duwe watek kaya kupat lepet. Kupat mono kerata basane kula lepat. Dene lepet kerata basane disilep sing rapet. Tembung disilep iku tegese padha karo ditutup utawa dikubur.
Maksude, wong Jawa iku sanajan uripe sarwa samun ing samudana utawa sarwa simbol lan sandi, yen pancen duwe kaluputan kanthi tanggung jawab kudu gelem ngaturake kaluputane lan nyuwun pangapura. Ora tumindak sesongaran, gumedhe, kuminter, kumalungkung, sapa sira sapa ingsun. Ora kena ndelng drajat lan pangkat. Yen pancen luput kudu gelem ngakoni yen luput. Banjur kudu gelem nyuwun pangapura. Samono uga, yen pancen sing salah wis gelem ngakoni salahe llan nyuwun pangapura, sing disuwuni pangapura ya kudu nyepura kaluputane pawongan mau.
Tumrape para pejabat, elinga marang kupat lan lepet. Aja dumeh dadi pejabat terus menang-menangan, tumindak sawenang-wenang marang sapepadha llan rakyate. Panjenengan punika kedah mad sinamadan kaliyan rakyat. Amarga Panjenengan dados pejabat punika amargi dukungan saking rakyat. Sinaosa pejabat, manawi kagungan lepat, sumangga ing dinten ingkang fitri menika sami apura-ingapuranan. Supados situasi ing Rembang menika kondusif. Saged mujudake Rembang Bangkit ingkang Gemah Ripah Loh Jinawi, Tata Tentrem Karta Raharja. Baldatun Thoyyibatun waa Robbun Ghofur.
Mangan kupat jangane sante, menawi lepat nyuwun pangapunten
Minal ’aidin wal faa izin.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar